Senin, 19 Desember 2011

tasawuf









Ngawiti engson lara syi’iran kelawan muji marang pengeran
Kang pareng rohmat lan kenikmatan rino wengine tanpo pritungan 2x

Doh bolo konco prio wanito ojo mung ngaji syari’at bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco tembe mburine bakal sangsoro 2x

Akeh kang apal qur’an hadise seneng ngafirke marang liane
Kafire dewe gak digatekke yen iseh kotor ati akale 2x

Gampang kabujuk nafsu angkoro eng pepaese gebyare ndonyo
Iri lan meri sugihe tonggo mulo atine peteng lan nisto 2x

Ayo sedulor jo nglale’ake wajibe ngaji sak pranatane
Ngebentelake iman tauhidte baguse sangu mulyo matine 2x

Kang aran soleh bagus atine kerono mapan seri ngelmune
Lagu thorikot lan ma’rifate ugo hakikot manjeng rasane 2x

Al- qur’an kodim wahyu minulyo tanpo tinules biso diwoco
Iku wajangan guru was kito den tancepake eng njero dodo 2x

Kumantel ati lan pikiran mraso’e badan mareng jerowan
Mu’jizat rosul dadi pedoman minongko dalan manjinge iman 2x

Kelawan Alloh kang moho suci kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriadhoi zikir lan suluk jo nganti lali 2x

Uripe ayem rumongso aman dununge roso tondo yen iman
Sabar nerimo snajan pas-pasan kabeh dinakder sankeng pengeran 2x

Kelawan konco dulor lan tonggo kang podo rukun podo ngasiho
Iku sunahe rosul kang mulyo Nabi Muhammad panutan kito 2x

Ayo lakoni sekabehane Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senadyan asor katon dhohire anangeng mulyo maqom drajate 2x

Lahu falasro eng pungkasane ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh surgo manggone uduk mayyite ugo ulese 2x

1 komentar:

  1. mungkin dengan tulisan yang saya kutip dari al-marhum gus dur ini bisa mengingatkan kita dengan cara menginstropeksi diri kita agar bisa lebih baik dari kehidupan kita sebelumnya.

    BalasHapus